Pidato Bahasa Jawa

06.14


Sesorah Perpisahan

    Assalamu`alaikum wr.wb
              Dumateng ngarsanipun bapak kepala sekolah, Bapak/Ibu guru saha wali murid ingkang kinurmatan, ugi para rencang utawi siswa ingkang kaula tresnani. Sumonggo kita sesarengan ngaturaken puji syukur dumateng gusti ingkang maha agung ingkang sampun paringaken rahmad, taufiq serta hidayahipun dumateng kaula ugi panjenengan sami saged sesarengan pepanggihan ing wekdal/papan puniko kangge ngawontenake perpisahan.
    Wonten mriki kaula piniji wakil murid kelas IX ingkang kadawuhan wekdal nganturaken raos kula ing adicara perpisahan punika. Ing wekdal punika kaula sakrencang kelas IX sami reno amargi usaha kito nggayuh ilmu sampun kasil  ingkang sae lan meremaken, kasil ingkang maremaken punika boten ical saking panggulowentahipun Bapak/Ibu Guru ing pawiyatan punika. Pramila kula sakrencang kelas IX ngaturaken agungin panuwun tanpa upami dumateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampun nggulawentah lan paring seserepan agenipun ngayuh ilmu ing pawiyatan punika, mugi-mugi ilmu ingkang Bapak/ibu Guru parengaken mbekto manfaat dunia akhirat.
    Kulo sakrencang namung saged dedonga dumateng Gusti Ingkang Maha Agung mugi-mugi sedaya amal kesaean Bapak/ibu Guru pikantuk piwales ingkang langkung ugi tansah pinaringan kesarasan lan kawilujengan saenggo saged paring piwucal adhik-adhik kelas kanti kasil ingkang sae.
    Bapak/Ibu Guru sedoyo, tugas kito ngayuh ilmu ing pawiyatan punika sampun paripurna, saengga mboten dangu malih kula sakrencang nilar pawiyatan punika, prayoginipun kito mboten awrat nilar Bapak/Ibu Guru ugi pawiyatan punika, nanging kawontenan kedah punika, saenggo ing wekdal punika kula sak rencang nyuwun pamit lan nyuwun donga pangestu mugi-mugi kula sakrencang saged ngajengaken ngangsu kaweruh ing pawiyatan luwih inggil ugi saged kadumugen menopo ingkang dipun gayuh, amin.
    Semanten atur saking kula menawi wonten klenta-klentunipun atur kula, kulo pribadi nyuwun angngung samudra pangangsami.
    Wabillahi taufiqwallidayah, wassalamu`alaikum wr.wb.

                                                                                 Yuni Ratna

You Might Also Like

0 comments

INSTAGRAM